Angel Tenan, Tuku Bensin
Asem, sontoloyo, diampot, ass…ss..uuu tenan. Negoro opo to ikie? Ko’ koyok ra’ ono sing Pinter babar blas (termasuk sing ndhuwe’ blog :-d). Suerr taaah, arep tuku bensin wae susahnya minta ampyun. Ada apakah gerangan? Gerangan ada apa? Apa ada gerangan? Sing dikarepke’ kie oppo?
Hemm, saya kok jadi pesimis (100%) kalo negara ini gak bakal bisa menyejahterakan rakyatnya. Tidak bisa mencerdaskan putera-putera bangsa. Tidak bisa menyehatkan wetenge’ wong cilik-lik-lik. Ah, moso’? Lah, wiwit mbiyen ngasi saiki ko’ rung ono perubahan. Eh, ono dink lali aku. Opo iku? Yoiku:
Regane’ beras, gulo, tahu, tempe, minyak tambah larang.
Tuku bensin kanggo makani sepeda motor “ANGE’L” ->SULIT-LIT-LIT!
Sekolah tambah larang biayane’ (opo mene’h kuliah?) Wah, modar, Nda!
No.4 sak teruse’ okeh banget perubahan2 sing ora gawe’ kepenakke’ rakyat tapi malah nggawe’ sengsoro. Ayoh, sopo sing dino ora muni “sengsoro, rekoso, menderita?” Wong anak’e DPR wae sambat opo mane’h aku sing mung tanggane’ Pak RT. Wee… tambah ngene’s!
Terus, Jeporo kie kekurangan opo? Lah embuh ura reti aku! Sing jelas bagiku ora mung Jeporo thok, tapi malah se-Indonesia yo podho kange’lan nggolek bensin. Mange’ nggolek bensin arep ngopo to? Lhaa… ora reti koe, yen aku tuku bensin arep tak nggawe ngedusi anggota2 DPR, MPR, pejabat2, pegawai2, termasuk (mungkin) polisi sing (paling ake’h) mikir awak’e dhewe’. He eh, ora? Tak adusi nggo bensin terus tak sabuni nggo korek api! Wah, sempurno banget kuwi!
Tenan, tah ora enak dadi wong cilik. Terus lek dadi wong gede’ piye? Enak, ora? lah embuh kunuh takok dhewe’. Le’k mereka2 para pejabat, DPR, MPR, pegawai, polisi, podho muni ora enak-kepenak.. lah ko’ ora dikon ganti aku wae, utowo wong liyo sing karep dadi wong gedhe’. Piye, Pak/Bu koe gelem tak gente’ni tah ora?
Terus, le’k jawabane’ kepenak, piye? Yo dongakke’ wae mugo2 eling neroko. Sebab salah sijine’ perkoro kenopo neroko digawe’ iku kanggo tempat persemayaman para pejabat, pegawai, polisi (lan sak bala2ne’) sing lali yen amanah iku kudu (wajib) dilaksanakno. Tapi…, kenyataane’ piye, Nda?
Wis, mbesok le’k ono pemilihan iki pemilihan iku aku ra’ bakal nyoblos koe, kang, mbak, pak dhe’, bu dhe’, yu, lah opo tah… wiwit mbiyen yo sing susah tambah susah, sing melarat tambah kere’, lah sing wis mbok lakoni ning ndhuwur kono kie oppo wae to yu…yu, kang. Perasaan (tapi pancen he eh) sing mbok pikir kok ma yashilu ilar farji wal bathni. Arep ngomong koe? Ngomongen, daripada aku dema-demo tapi di-benjuti nggo penthunge’ polisi, dalmas terus aku loro ora ono sing nambakke’ aku… ra’ mending tak tulis ning kene’ tah, roso keselku karo koe2 kabeh. Babar blas ra’ ono sing di anut!
Wah, kok aku so muring2 ngene’ yo… Lho? Muring2 iku anugerah, Nda! Artinya saya ini masih hidup dan normal. :-d
@ the last, akhire’ iso tuku bensin yu.. senadjan larang regane’. 1 lt Rp 6 ewu rupiah. Ra koyo’ biasane’ lho yu?
DIarsipkan di bawah: Fuck | yang berkaitan: bensin, DPR, MPR, pegawai, pejabat, polisi | Tidak ada komentar »